» Suratan2 - Al Faatigah - Al Ichlaash - Al Falaq - An Naas.

Surat Al Faatigah.

سورة الفاتحة


بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَـٰـنِ الرَّحِيْمِ


BIS-MIL-LAAHIR ROG-MAA-NIR RO-GIIM.
1. Kelawan asmo Allah kang Moho Murah Moho Asih.

الْحَمْدُ ِللهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ


AL-GAM-DU LIL-LAAHI ROB-BIL ‘AA-LAMIIN.
2. Kabeh pangalembono kagunganing Allah Pangeran Sesembahaning ‘alam jagad-rat pramudito.

الرَّحْمَـٰنِ الرَّحِيمِ



AR-ROG-MAA-NIR RO-GIIM.
3. Kang Moho Murah Moho Asih.

مَـالِكِ يَوْمِ الدِّينِ



MAA-LIKI YAW-MID-DIIN.
4. Kang ngratoni ing dino Piwales.

إِيَّاكَ نَعْبُدُ وإِيَّاكَ نَسْتَعِينُ



IY-YAA-KA NA’-BUDU WA IY-YAA-KA NAS-TA-‘IIN.
5. Namung dhumateng Paduko piyambak kito sami manembah ‘ibadah, soho namung dhumateng Paduko piyambak kito sami anyenadhong pitulungan.

اهْدِنَا الصِّرَاطَ الْمُسْتَقِيْمَ



IH-DINASH- SHI-ROO-THOL MUSTAQIIM.
6. Dhuh Gusti Allah, mugi Paduko paring Pitedah ing kito sedoyo lumampah wonten ing margi ingkang leres.

صِرَاطَ الَّذِينَ أَنعَمْتَ عَلَيهِمْ



SHIROOTHOL-LADZIINA AN-‘ AMTA ‘ A-LAIHIM;
7. Inggih puniko margi, Agamanipun poro tetiyang ingkang sampun Paduko paringi kani’matan,

غَيْرِ الْمَغْضُوبِ عَلَيْهِمْ وَلَا الضَّآلِّينَ



GHOI-RIL MAGH-DHUUBI ‘A-LAIHIM WA LADH-DHOOL-LIIN.
sanes ingkang sami kabendon, tuwin sanes ingkang sami sasar.

ءَآمِيْنَ



AA-MIIN.
Mugi-mugi Allah nyembadani ibadah kito.

Surat iki di djenengake Al Faatigah (Bukakaan) utowo Faatigul Kitaab (Baboning Kitab), amargo dadi surat sing kaping pisan ono ing anggone noto Al Qur'an. Di djenengake ugo Ummul Kitaab sing tegese Baboning Kitab, utowo Pokoking Kitab sebab ngemot sekabehing isining Qur'an. Ugo sing ndjenengake As Sab'an Matsaani, utowo Sab'an minal Matsaani, tegese Pitu sing tansah di wotjo bola-bali, sebab pitung ayat songko Al Faatigah iku sing tansah di wotjo saben nindakake reka'aat sholaat.
BIS-MIL-LAAHIR ROG-MAA-NIR RO-GIIM.
Ayat iki di arani Basmallah. Iki di wotjo yen arep nindakake kabetjikan. Alloh, iyo iku Dzat Ingkang Moho Suci (paling sutji = sing ora nduwe kesalahan), Ingkang satemene andhuweni hak/recht di sembah-sembah lan dipundhi-pundhi.
Ar Rogmaan, Moho Murah lan Ar Rogiem, Moho Asih iku sifat-sifat sabagean songko sifat-sifating Alloh ingkan akeh banget.
Robb, Pangeran Ingkang wadjib di sembah-sembah.
Maalik, Ngratoni utowo Ingkang andhuweni Kekuwasa-an Gedhe, utowo Ingkang andhuweni Yawmid-diin, Dino Piwales, tegese dino piwalese kabeh tindakane manungso naliko ono ing 'Alam Dunyo.
Dadi yen ono kasulitan/probleem awake dhewe nyuwoon pitulungan karo Alloh dhewe. Ugo menowo loro, ingkan menowo ora keno di arep-arep warase, awake dhewe ora nyuwoon pitulungan karo dukoon/bonumang. Amargo yen nindakake koyo mangkono iku nyekutokake Gusti Alloh, Ingkang Moho Kuwaos (Sing Nguwasani samubarang). (Nyekutokake = ora ngadjeni Gusti Alloh, yen mung Alloh ingkang kudu di sembah lan di djaluki pitulungan karo awake dhewe)
Dalan sing apik iku, yo iku dalan panguripan, sing miturut dhawuhing Gusti Alloh, sing ono ing Kitab Sutji Al Qur'aan lan sing di tjontoni dening Kandjeng Nabi Mohammad s.a.w. sing ono ing Hadits Nabi.

Tafsiré Al Fatigah.
Surat Fatigah iku arané surat Makiyyah (temuruné ono ing Mekkah). Ono kang ngarani Madaniyyah. Ayaté akèhé pitu. Fatigah iku artiné/tegesé bukaan. Surat iki kejobo di arani surat ugo di arani "ummul kitâb" (Al Qur'an) tegesé isiné Al Qur'an kabèh iku wus di kumpulaken ono ing surat iki. Ugo di arani "As-sabe-'ul matsaani" artiné: ayat pitu kang di bulan-balèni. Di arani mangkónó jalaran sak njeróné sholaat surat Fatigah iku paling setitik di woco ping lóró. WAL-LOOHU A-'LAM(U). (2-3-4) Sekabèhé pengalembono iku namung kagungané Allôh Ta-'aalaa dhéwé kang mangérani lan nguwasani 'alam kabèh. Ora ono makhluq kang anduwèni pengalem. Gusti Allôh Ta'aalaa iku persifatan welas asih marang sekabèhané makhluq. Luwih-luwih marang manungso kang wus nyoto di paringi nikmat wujud kanthi 'akal lan anggahuto badan kang sampurnolan nikmat liya-liyané manèh kang gedih-gedih lan kang lembut-lembut. Ugo Allôh Ta'aalaa persifatan "MAALIKI YAW-MID-DIIN": nguwasani mbésuk dinané Qiyamat. Kuwoso angganjar marang wong-wong kang podho to-at (ingkang nindakaké perintaHé) lan kuwoso marang wong-wong kang podho nyulayani perintah-perintaHé Allôh Ta'aalaa. (5-6-7) Rèhning Allôh Ta'aalaa iku welas asih. Luwih-luwih marang manungso, mulané manungso kudu tansah nyembah nyawijiaken marang Allôh Ta'aalaa ing bab opo waé. Lan ugo tansah nyuwun supoyo Allôh Ta'aalaa paring dalan kang lurus/lempeng kang biso nekakaken marang kabejan dunyo akhérat. Dedalané wong ndisik-ndisik kang wus podho kaparingan nikmat. Dudu dedalané kang di ambah wong-wong kang keno bendu/sikso lan wong-wong kang podho sasar.


SURAT AL IKHLAASh
Nganyarake pertjoyo marang Gusti Alloh.



بِسْمِ اللهُ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيمِ


BIS-MIL-LAAHIR ROG-MAA-NIR RO-GIIM.
Kelawan asmo Alloh kang Moho Murah Moho Asih.

قُلْ هُوَ اللهُ أَحَدٌ


QUL HU-WAL LOO-HU A-GADE.
1. Muhammad, siro dhawuho: "Alloh iku asipat Sawidji "

اللهُ الصَّمَدُ


AL-LOO-HUSH SHO-MADE.
2. Alloh iku kang sinedyo, kang dibutuhake dening sekabehing titah,

لَمْ يَلِدْ وَلَمْ يُولَدْ


LAM YA-LIDE WA LAM JUU-LADE
3. PanjenengaNe Alloh iku ora peputro, lan ora diputrokake,

وَلَمْ يَكُنْ لَّهُو كُفُوًا أَحَدٌ


WA LAM JA-KUL LA-HUU KU-FU-WAN A-GADE
4. Lan ora ono sawidji-widji kang madhani, ing PanjenengaNe Alloh!


Dene ing surat iki ingkang kudu di pentingake yo iku nganyarake anggone awake dhewe pertjoyo yen Gusti Alloh amung sidji. Dadi ora katompo pandongane yen podo nindakake kamusyrikan.

Surat iki biso kanggo kewarasane awake dhewe, yaiku kudu percoyo tenan. Kadunungane yen golek tombo iku krono Alloh ora krono dokter opo piye wae, amargo kewarasan iku mung songko Alloh dhewe. Ora ono ingkang di sembah lan di djaluki pitulungan kadjobo mung Alloh. (Ndelok ugo Surat Faatigah.)
Surah Al-Ichlaas 112 Mishary Rashed al-Efasy met Engels ondertiteld.

SURAH AL FALAQ
سورة الفلق


Surat kaping 113: Al Falaq (Wayah bangun/wektune tangi)
Tumuruning wahyu ono ing Mekkah, sawuse surat Al Fiil.

بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَــٰنِ الرَّحِيْمِ.


BIS-MIL-LAAHIR ROG-MAA-NIR RO-GIIM.
In naam van Allah, de Barmhartige, de Genadevolle.
Kelawan asmo Alloh kang Moho Murah tur Moho Asih.
Karo djenenge Alloh sing Moho Murah lan Moho Asih.

Moho Murah iku tegese Sing lomo banget amargo saking sugihe samubarang, Moho Asih iku Sing biso maringi sak akeh-akehe pangapuro.

قُلْ أَعُوذُ بِرَبِّ الْفَلَقِ.


QUL A-‘UU-DZU BIROB-BIL FALAQE
1. Zeg: "Ik zoek mijn toevlucht bij de Heer van de dageraad.
Mundjuko: Kawulo nyuwun rekso dhumateng Pangeran ingkang nitahaken tjahyaning Shubuh (wantji bangun).
Omongo ndjaluk rekso karo Pangeran Sing nggawe tjemoroting Shubuh (wayah mbengi)

مِن شَرِّ مَا خَلَقَ.


MIN SYAR-RI MAA CHOLAQE.
2. Tegen het kwade van wat Hij heeft geschapen.
Saking piawoning barang ingkang sampun tumitah (dening Pandjenenganipun).
Songko èlèke barang sing wis di gawe dening Pandjenengan (Alloh)

وَمِن شَرِّ غَاسِقٍ إِذَا وَقَبَ.


WAMIN SYAR-RI GHOO-SIQIN I-DZAA WAQOBE.
3. En tegen het kwade van de duisternis wanneer deze zich verspreidt.
Lan saking piawoning ndalu naliko peteng ndhedhet (lelimengan). 7)
Lan songko èlèke mbengi naliko peteng ndhedhet (remeng-remeng)
7) Saking Aisyah r.a. saestunipun Kanjeng Nabi s.a.w. mirsani Rembulan.lajeng dhawuh: "E, 'Aisyah! Nyuwuno rekso ing Alloh songko piawoning iku, iku piawoning bengi naliko peteng ndhedhet lelimengan." (Hadits Shogih riwayat Tirmidzi}

وَمِن شَرِّ النَّفَّاثَاتِ فِي الْعُقَدِ.


WAMIN SYAR-RIN NAF-FAA-TSAATI FIL ‘U-QODE.
4. En tegen het kwade van degenen die vaste banden door boze inblazingen willen ontbinden.
Tuwin saking awoning tiyang ingkang ndamoni ing bundhelan (dhukun sihir).
Soho songko èlèke wong sing ndamoni ing bundhelan (dhukun sihir/bonumang/tovenaar).
An nafaatsaati fil 'uqod, artosipun tiyang ingkang ndamoni ing bundelan (dhukun sihir/bonumang). puniko tembung pasemonan, dene maksudipun: tiyang ingkang ngutjuli kekantjingan utawi tetalining bebodjoan, pasedherekan, perkongsian dagang lan sapanunggalanipun. Tjaranipun sarono adu-adu ingkang saged medhotaken memitran utawi tiyang sesimahan saged pegatan kaliyan semahipun, makaten ugi pasedherekan saged tjrah bibrah memengsahan.

وَمِن شَرِّ حَاسِدٍ إِذَا حَسَدَ.


WAMIN SYAR-RI GAA-SIDIN I-DZAA GASADE.
5. En van het kwade van de benijder wanneer deze benijdt."
Punopo dene saking piawoning tivang drengki nalikaning srehi.
Opo dene songko èlèke wong drengki (hebzuchtig) naliko srehi.
Suraosipun supados poro manungso sami nyuwun rekso dhumateng Gusti Alloh Swt piyambak, saking sedoyo lampah awon (dhukun-sihir awon/bonumang utawi black magic, tiyang remen tumbak tjutjkan, drengki nalikanipun srei lan sapanunggalanipun).

Dipun riwayataken dening Abu Daud, At Tirmidzi tuwin An Nasaa-i saking Aqobah bin 'Aamir anerangaken bilih Rosulullah s.a.w. sholat sarono maos surat Falaq lan surat An Naas ing salebeting tindakan (musafir/kekesahan).



S 114. An-Naas (Poro Manungso)

سورة الناس

بِسْمِ اللهُ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيمِ


BIS-MIL-LAAHIR ROG-MAA-NIR RO-GIIM.
Kelawan asmo Alloh kang Moho Murah Moho Asih.

Karo djenenge Alloh sing Moho Murah lan Moho Asih.
Moho Murah iku tegese Sing lomo banget amargo saking sugihe samubarang, Moho Asih iku Sing biso maringi sak akeh-akehe pangapuro.

قُلْ أَعُوذُ بِرَبِّ النَّاسِ


QUL A- ‘UU-DZU BIROB-BIN-NAAS.
1. Muhammad, siro dhawuho: "Aku nyuwun rekso marang Allah kang rumekso ing sekabehing manungso,
Motjoho Muhammad! Kawulo nyuwun pangereksan kelawan Pangeran Ingkang mangèrani manungso,

مَلِكِ النَّاسِ


MALIKIN-NAAS.
2. Kang angratoni kabeh manungso,
Ingkang ngeratoni manungso

إِلَـٰهِ النَّاسِ


I-LAAHIN-NAAS.
3. Pangeraning kabeh manungso,
Ingkang dados sesembahanipun manungso.

مِن شَرِّ الْوَسْوَاسِ الْخَنَّاسِ


MIÑ SYAR-RIL WAS-WAASIL CHON-NAAS.
4. Songko pialane syetan kang ambebudjuk sarono ngenteni lenane,
Pangerekso saking awonipun Syaithon ingkang tansah madju mundur

الَّذِي يُوَسْوِسُ فِي صُدُورِ النَّاسِ


AL-LADZII YUWAS-WISU FII SHUDUU-RIN-NAAS.
5. Kang tansah ambebudjuk ono ing atine poro manungso,
Ingkang tansah ngeriduni wonten ing manahipun manungso

مِنَ الْجِنَّةِ وَ النَّاسِ


MINAL DJIN-NATI WAN-NAAS.
6. Yaiku syetan songko bongso Djin lan manungso!
Inggih Syaithon saking bongso Djin lan manungso

Ngeklik iki:


Mulo Syaithon iku di sifati Al Khonnaas, kang ateges madju mundur, djalaran Syaithon iku, tansah anggubel atine manungso. Nanging yèn manungsane dzikir marang Pangeran, Alloh Ingkang Moho Kuwaos, Syaithon nuli melayu. Mengko yen lèrèn dzikire, Syaithone iyo nuli anggubel manèh. Mangkono sak teruse.

صَدَقَ اللهُ الْعَظِيم

SHODAQOL-LOOHUL ‘A-DZIIM.

PangandikaNe Allah iku nyoto.



[ terug... ]Omhoog


Maak vrienden

Assalamu 'alaikum.

Donga syukur.*

  • Dhuh Pangeran kita! Mugi Paduka paring ilham (pitulung) dhumateng kita supados kita saged syukur dhumateng nikmat Paduka, ingkang sampun Paduka paringaken dhumateng kita tuwin dhumateng tiyang sepuh kita saha amrih kita saged nglampahi kasaenan ingkang Paduka renani, tuwin mugi Paduka nglebetaken kita kalayan Rohmat Paduka wonten ing golonganipun para kawula Paduka ingkang sami sholeh.

Copyright 2002-2016