» Urip secara Jawa - Saresmi - Mitoni - Puputan - Tetekan

Wat is dit?

Saresmi.
Dawuhipun Gusti All�h ingkang kasebat ing kitab suci Al Qur'an wonten ing nginggil punika kados mekaten:
Tegesipun :
Bojomu iku sawahmu/tegalmu (panggonan kanggo nyebarak� wijimu), mula sakarepmu nggonmu ngumpuli turu bojomu iku lan padha gaweya ngamal kanggo awakmu. Padha wediya marang All�h, lan padha ngretiya y�n kow� kab�h bakal padha ngadep ana ing ngarsan� All�h, sarta padha ngabarana marang wong-wong kang padha percaya (beriman) y�n d�w�kn� bakal padha seneng-seneng (swarga)". (Al Baqoroh(2: 223)).

Katrangan.
Ngengeti dawuhing All�h kasebat ing nginggil punika sampun ceta bilih semah sampeyan dipun upam�kaken kados d�nten sabin/pategilan ingkang sawanci-wanci bade sampeyan tanemi. Tiyang ingkang bade nanem punapa kemawon kedah milih wiji/bibit ingkang sah�, supados saged nukulaken woh ingkang sae ugi. Kajawi saking punika ugi kedah dipun rabuk taneman wau saged subur gesangipun sarta saged ngawontenaken woh ingkang sah�2. Semanten ugi sak sampunipun tukul/woh ugi kedah dipun jagi sampun ngantos wohipun wau katrajang ing ama.

Cetanipun mekaten: Sak sampunipun tiyang estri wawrat, kedah dipun jagi kaserasaning badanipun (jampi-jampinipun/vitamin-vitamin), supados bayi ingkang tasik wonten ing
lebeting kandutan punika wau saged sah� = dipun rabuk. D�n� sak sampunipun tukul/woh kedah dipun jagi ampun ngantos kepareg/ketrajang ing ama (sak sampunipun lahir/dados lar� kedah dipun gula-wentah/dipun wulangi ingkang sah�, sampun ngantos dados lar� ingkang ugal-ugalan, deksiya, duraka lsp. = dipun teda ama).

Sarat-sarat:
Menawi kepengin gadah anak jaler/estri sageda sah� rupinipun lang ugi sah� bebud�nipun (lar� ingkang shol�h) sami nindakna kados mekaten:
1. Jaler lan �strinipun kawontenaning badanipun kedah saras, semanten ugi jiwanipun ugi saras (mboten mendem/mboten ewah).
2. Jaler lan estrinipun manahipun kedah tentrem (wening), mboten nemb� sisah/nepsu lan sak piturutipun.
3. Jaler lan estrinipun sampun suci (adus).
4. Kamar lan patilemanipun sampun resik.
5. Jaler lan estrinipun mangangg� ingkang sarwa sah/resik, sarta ngangg� ganda ingkang arum-arum (lisah wangi/sekar-sekar), perlunipun saged mewahi daya (energi) grenseng/sengsem.
6. Sak d�r�ngipun wiwit, langkung prayogi tiyang kekalih sami sholat sunah kalih rekaat, kanti niyat mugi-mugi keparingan anak ingkang shol�h menawi sampun rampung angg�nipun sholat, donganipun mekaten:
Ingkang jaler: "Dhuh Gusti, kula bad� nanemaken wiji kula dateng tiyang �stri kula".
Ingkang �stri: "Dhuh Gusti, kula bad� nampi wiji saking semah kula".
Jaler lan �strinipun: "Bilih wiji wau panjenengan dadosaken lar�, kula nyuwun mugi-mugi anak kula wau keparingana rupi ingkang sah� sarta bebud�nipun ugi ingkang sah� lan Paduka dadosaken tiyang Islam ingkang taqwa dumateng Paduka. Dhuh Gusti, kawula matur nuwun dumateng Paduka ingkang sampun paring pinten-pinten kanikmatan. Amin".
7. Ngajengaken wanci Shubuh, jaler-estri kedah sesuci/adus perlu nindakaken sholat Shubuh.

Awisanipun.
1. Mboten kenging saresmi ing wanci siang sak lebeting wulan Pasa, awit sawek nglampahi siyam.
2. Mboten kenging saresmi nalika sawek nindakaken 'ibadah Haji (tanggal: 10 - 11 - 12 - 13 wulan Besar/Dul Hijah).
3. Mboten kenging saresmi nalika ingkang estri nemb� nggarap sari (haid/menstruasi); dangunipun haid 7 - 15 dinten, gumantung biasanipun ingkang estri nggarap sari. Y�n 7 dinten sampun resik, inggih sampun kenging saresmi.
4. Mboten kenging saresmi nalika ingkang estri nemb� bakda nglahiraken (nifas); dangunipun 40-60 dinten.

Mitoni.
Mitoni iku asal� sangka tembung pitu (7). Upacara adat iki di anakake wektu calon ibu nggarbini utawa meteng 7 sasi, tujuane kanggo keslametan calon bayi lan ibun� utawa kanggo sing sifat� nolak balak. Upacara iki uga diarani tingkeban. Tingkeban asale sangka tembung tingkeb sing maknane tutup, dadi tingkeban iku upacara penutup utawa upacara terakhir sing di anakake nganti bayine lair.
Jabang bayi umur 7 sasi iku wis nduw� raga sing sampurna. Dadi miturut pengertian wong Jawa, wetengan umur 7 sasi iki proses penciptaan menungsa iku wis nyata lan sempurna neng sasi kaping 7 iki utawa Sapta Kawasa Jati. Rangkaian acara kanggo upacara mitoni iki luwih akeh tinimbang upacara ngupati, urut-urutane yaiku siraman, nglebo'ake endhog pitik kampung neng njero kain/sarung calon ibu dening calon bapak, salin rasukan, brojolan (nglebo'ake kelapa enom), memutus lawe utawa lilitan benang (janur), mecahake wajan lan gayung, nyolong endhog lan terakhir kendhuren. Mec�l kelapa enom karo berang. Yen kelapane sing di sigar dadi loro lan jenise padha, maknane anake bakal lanang. Yen sigarane lorone ora padha anake bakal metu wadon. Acara siraman mung di anakake kanggo mitoni anak sing mbarep. Miturut adat Jawa mitoni iku kudhu di anakake ing dina sing bener-bener apik yaiku dina Senen awan nganti mbengi utawa uga dina Jemuah awan nganti mbengi. Ana ing negara Landa (Nederland) ana sing njimuk banyu sangka omah2, 7 cacahe. Banyu werna 7 iku di gawe siraman/adus calon ibu lan calon bapak.
Rangkaian acara kanggo upacara mitoni iki luwih ak�h tinimbang upacara ngupati, urut-urutan� yaiku siraman, nglebokak� endhog pitik kampung ing njero kain/sarung calon ibu dening calon bapak, salin rasukan, mecah kelapa enom, medhot lawe utawa lilitan benang (janur), mecahak� wajan lan gayung/sendhok gedhe, nyolong endhog lan di pungkasi karo kendhur�nan. Acara siraman mung di anakake kanggo mitoni anak pisanan.

Ngupat utawa ngupati iku salah sijining upocara adat sing dianakake wektu calon ibu mbobot 4 sasi. Tembung "ngupat" asale sangka tembung papat (4) utawa kupat. Tujuane upacara adat iki kanggo keslametan calon bayi lan ibune utawa kanggo sing sifate nolak balak dadi padha karo upacara adat mitoni. Sing radha bedha karo upacara adat meteng liyane yaiku ana sajian kupat ing acara kendhur�n ngupati. Kupat iki uga diparingake sing hadir supaya sing nggawa balak iku di gawa metu sangka omahe jabang bayi.

Puputan.
Puputan utawa pupak puser, iku sejatin� nduw� makna tali puser bayi puput. Dadi upacara iki dianakak� wektu utawa bubar puput� tali puser sangka udhel bayi.
Biasan� ana acara slametan ing upacara puputan iki, acaran� jaiku kendhuren, bancakan lan aw�h jeneng bayi.
Upacara iki apik y�n diselenggara'ake bubar wektu maghrib. Ana ing Suriname waktun� sor� bar sholat Dhuhur. Biasane sing di undang bocah2 cilik.
Puputan bayi digolongke dadi 4, yaiku:
1. Golongan bangsawan/kerajaan: Sega gudangan, jenang abang putih, 5 werna bubur, lan jajan pasar.
2. Golongan rakyat biasa: Sega jangan, jenang abang putih, lan jajan pasar.
3. Puputan cilik: Sego gudangan lawuh� endok lan jajan pasar. Sing di undang bocah2 cilik. Iki di aranai bancakan.
4. Puputan ged�h: Sing di undang wong2 ged�h. Lan acaran� kendhur�n.
Khendur�n.
Kendhuri (uga asring kasebut kendhur�n lan ngendhuri) iku sejatin� upacara slametan utawa syukuran. Y�n ana wong Jawa kang duwe khajatan, biasan� ana kendhuri merga sing diarep-arep wis kaleksanan lancar lan aman, utawa ndedonga amrih ol�h kaslametan nalika ar�p ngayahi sawijining lelaku sing wigati. Acara iki biasan� dadi rangkeyan acara kelairan, khitanan/sunatan/supitan utawa pernikahan. Kendhuri acara pernikahan saiki umum� uga diarani res�psi (Indonesia).
Acara utama jroning upacara kendhuri yakuwi arupa ritual ndedonga marang Pang�ran Sing Maha Kuwasa supaya diparingi kaslametan, karahayon tumrap sing kagungan kersa sumrambah marang kab�h para rawuh. Kanggo wong Islam ing acara iku biasan� padha maca Surah Yasin.
Tetakan
Miturut wong Jawa tetakan iku uga di jenengake citanan, sunatan apa supitan. Ana maneh sing jenengake perang sabil, maknane mbelani agama Islam karo jiwa lan ragane. Sak teruse bakal gunakake tembung sunatan. .

Sarat-saratipun sunatan.

Anak2 sing kudu disunati luwih becik sak durunge 10 tahun. Perlune nalika arep nindaki shalat bocah iku mau wis resik. Luwih becik di sunati ana ing ruma sakit wae, awit pirantine pepak lan tenagane ahli. Ayo padha iling yen miturut agama Islam iku kudu urip sak madiya. Dadi menawa bakal nduwe gawe lan apa wae uga kudu prasaja. Dadi menawa bakal nduwe gawe lan apa wae kudu sing prasaja. Tegese: Wektu lan tenagane sak cukupe wae lan aja kakean ngetokake ragad. Aja ngampek kakean - boros - mubadzir - lan sak teruse sing di anggep apik dening agama Islam.

Wektune anggone nyunati iku, sawanci-wanci menawa wis anduweni ragad kanggo nyunati. Dinane sing apik kaya dene terang (ora mangsa rendeng/kakean udan) lan wancine liburan/vakansi wae, dadi ora ngganggu anggone sekolah.

Ayo padha nggatekake larangane yen arep nyunati anak lanang. Aja ngant�k nganake sing ora2 sing ndad�kake ang�l panguripane sak bakdane. Kab�h kudu karo prasaja: sak �n�nge apa sak kuwate wae. Sing penting arep nyunati anak, menawa wis di sunati iku wis cukup. Menawa duwite turah-turah, tegese sing kanggo mangan saben dinane wis ana, arep slametan ya kena wae, sebab slametan/genduren/sedekahan, iku di sunahake. Tegese arep ngundang wong sak desa kena wae, patoke ora ngang�lake panguripane sak bakdane nduwe gawe. Ming aja lali ngundang wong miskin, wong mlarat sing ajek ngelihe tenimbang warege. Aja kok wong sing ora mbutuhake di sedekahi jalaran saben dinane bisa mangan enak, tur omahe uga apik malah di wenehi berkat, nyingkiri wong mlarat. Dadi menawa arep slametan aja gamp�k lali nguwenehi marang wong pekir/miskin, amarga sejatine iya wong pekir/miskin iku sing anduweni hak nampa sedekah lan jelas menawa iku ana manfaate (menehi mangan marang wong ngelih) lan iya pancen di dhawuhake dening Allah lan RasulE.

Miturut apa sing di omongake, anak sing di sunati kudu bisa ngedekake shalat. Mila anak kuwi luwih apik di belajari shalat. Di mulai karo syahadat loro lan piye anggone wudhu, adzan lan iqomat. Di wulangi sak setitik2e carane shalat Shubuh, iki kanggo pokok utawa basis/fundasi.

Donga cendhak.
بِسْمِ اللهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ.
BIS-MIL-LAAHIR ROG-MAA-NIR RO-GIIM.
Kelawan asma All�h Ingkang Maha Mirah tur Maha Asih.
الْحَمْدُ لِلّٰهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ.
AL-GAM-DU LIL-LAAHI ROB-BIL 'AA-LAMIIN.
Sedaya puji kagunganipun Pangeran Ingkang ngratoni sedaya `alam.
اَللّٰهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ سَلَامَةً فِي الدِّيْنِ وَعَافِيَةً فِي الْجَسَدِ وَزِيَادَةً فِي الْعِلْمِ وَبَرَكَةً فِي الرِّزْقِ وَتَوْبَةً قَبْلَ الْمَوْتِ وَرَحْمَةً عِنْدَ الْمَوْتِ وَمَغْفِرَةً بَعْدَ الْمَوْتِ.
AL-LOOHUM-MA IN-NAA NAS-LUKA SALAAMATAN FI-DIIN(A), WA �AA-FIYATAN FIL DJASADI WA ZIYADATAN FIL �IL-MI WABAROKATAN FIR-RIZQI WA TAW-BATAN QOBELAL MAU-TI WA ROGMATAN �IN-DAL MAU-TI WA MAGH-FIROTAN BA�DAL MAUT.
Dhuh, Allah, kita nyuwun dumateng Panduka keslametan ing agami, keslametan ing badan, tambah ilmu, rejeki berkah, taubat saderengipun pejah, lan rohmat nalika pejah sarana ngapunten sasampunipun pejah.
اللّٰهمَّ هَوِّنْ عَلَيْنَا فِيْ سَكَرَاتِ الْمَوْتِ وَنَجَاةً مِنَ النَّارِ وَالْعَفْوَ عِنْدَ الْحِسَابِ.
AL-LOOHUM-MA HAW-WIN 'A-LAI-NAA FII SAKAROTIL MAW-T(I) WA NA-DJATAN MINAN-NAAR(I) WAL AF-WA 'IN-DAL GISAAB.
Dhuh All�h mugi nggampilaken ing saklebetipun pejah tuwin tebihaken kita saking latunipun Neraka tuwin ngapuntena ing Dinten Piwales.
وَصَلَّى اللهُ عَلَـٰى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَءَالِهِى وَصَحْبِهِى وَسَلَّمَ. وَالْحَمْدُ لِلّٰهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ. آمِيْنَ.
WA SHOL-LAL-LOOHU �A-LAA SAY-YIDINAA MUGAM-MAD(IN) WA AA-LIHII WA SHOG-BIHII WA SAL-LAM. WAL GAM-DU LIL-LAAHI ROB-BIL `AA-LAMIIN(A). AA-MIIN.
Lan mugi-mugi All�h paring rohmat dhumateng sak-sahe-sahening ciptaaniPun Muhammad saha ahlinipun lan shohabatipun sedaya. Lan sedaya puji kagunganipun Pangeran Ingkang ngratoni sedaya `alam.


[ terug... ]Omhoog


Maak vrienden

Assalamu 'alaikum.

Donga syukur.*

  • Dhuh Pangeran kita! Mugi Paduka paring ilham (pitulung) dhumateng kita supados kita saged syukur dhumateng nikmat Paduka, ingkang sampun Paduka paringaken dhumateng kita tuwin dhumateng tiyang sepuh kita saha amrih kita saged nglampahi kasaenan ingkang Paduka renani, tuwin mugi Paduka nglebetaken kita kalayan Rohmat Paduka wonten ing golonganipun para kawula Paduka ingkang sami sholeh.

Copyright 2002-2020