» Sasi Sura - sasining nabi2.*

Wat is dit?

Merèngeti Sasi Sura.

I. Sasi Suro/Muharrom
Sura utawi Muharam punika santun sepindahan wonten Kalèndher Jawi Islam. Tumraping tiang Jawi, santun punika dianggep wigati sanget amargi dados santun ingkang sepindahan. Ing santun Sura punika sawetara masyarakat Jawi tasik mrèngeti kanthi manembah dumateng Gusti ingkang ndamel gesang. Utaminipun ing dinten wiwitan punika Setunggal Sura, sawetawis masyarakat wonten ingkang nucèni piyambakipun kanthi siram wonten kali, seganten, utawi wonten griya tuwin sedaluh muput mboten tilem. Dènten klompok masyarakat sanès wonten ingkang nanggap lan nonton wayang kulit lan wonten ugi ingkang ziarah dateng panggonan suci lan nglampahi tapabrata utawi medhitasi. Tanggal setunggal Sura ugi, tumrap pemandanganipun tiyang Jawi, wekdal ingkang sae kangge nucèni kangge pusaka, kados dènten keris, tumbak lan sapiturutipun. Wonten kapercadosan Jawi tasih katah ingkang percados mboten purun ngawontenaken pahargyan wigati kados dènten mantènan, sunatan wonten ing santun Sura. Wonten ing panggènan sanès sami ngawontenaken bersih dÊsa. Sami nyae-aken desanipun tuwin makaman utawi kuburan sak lajengipun dipun tutup mawi gelar genduri. Wonten malih ingkang ndamel jenang Sura/tetedèn Sura yèn sami merèngeti 10 Muharrom utawi 10 Sura. Asalipun jenang Sura punika saking sejarahipun Nabi Nuh a.s. Nalika Nabi Nuh a.s. mirsani yèn sampun telas bahan2xipun ingkang saged dipun tedi, Nabi Nuh a.s. lajeng ndamel tetedèn, saking bahan2x ingkang tasik wonten. Wonten negari2x ingkang wonten Shièa sejarah punika dipun perèngeti mawi ndamel tetedèn Sura lan ugi dipun perayakaken dening tiang Jawi.
II. Asyura' minangka dinten kemenangan.
Ing ndalem wulan Muharrom utawi Syura, punika wonten satunggalipun dinten ingkang mulya, inggih punika ingkang dipun wastani dinten asyura ingkang dawah wonten ing tanggal sedasa, kados dènten dawuhipun Nabi Muhammad s.a.w.: ”Asyura iku dina kang tumiba tanggal sepuluh".
Kanjeng Nabi Muhannnad (s.a.w.) ugi dawuh: "Asyura iku dina riyaya tumrap nabi kang sak durunge sira kabèh, mula padha puasaha sira kabèh ing dina mau".

Sak punika kita kedah nyumerepi, punapa sebabipun dinten asyura, tanggal sedasa Muharrom/Syura punika dipun anggep mulya? Sebabipun dipun wastani asyura, amargi in dinten punika, Allah maringi kamulyan utawi kamenangan dumateng pinten2x nabi ‘alaihimush-sholatu wassalaam (a.s.). Kita lajeng tanglet: “Apa wujude kamulyan utawa kamenangan tumrap Nabi a.s. iku?. Jawabipun kasebat wonten ing satunggalipun kitab kados mekaten: “Wujude kamulyan utawa kemenangan tumrap para Nabi a.s. hiya iku”:
1. Allah Ta'aalaa nitahake Nabi Adam 'alaihissalaam lan panjenengane di dawuhi supaya manggon ing Suwarga Darus Salaam.
2. Ing dina asyura iku kapale Nabi Nuuh 'alaihissalaam mulai ndarat ing Gunung Al Juudii, sakwuse kedadèhan banjir kang ngelepi bumi sak Dunya.
3. Ing dina iku Nabi Ibrohim 'alaihissalaam di selametake dening Allah Ta'aalaa nalika di buwang ana ing geni kang mulat2x, banjur di rasa adem kaya ora ana ing geni.
4. Ing dina iku Nabi Yunus 'alaihissalaam bisa metu saking wetenge iwak Guut (Ladan) sakwuse pirang2x dina ana ing wetenge iwak mau.
5. Ing dina iku Nabi Ayyuub 'alaihissalaam di warasake saking lelara2x ing sak kujur awake, kang manut pitungan akal kira2x ora bisa waras.
6. Ing dina iku Nabi Yusuf 'alaihissalaam di entasake saking sumur kang peteng, jalaran pokale sedulure kang drengki lan iri.
7. Ing dina iku Nabi Ja'qub 'alaihissalaam di warasake paningale kerana muwun utawa nangis mikir putrane iya iku Nabi Yusuf a.s kaya ora nate gerah paningale mau.
8. Ing dina iku Allah Ta'aalaa miyak banyu segara perlu mitulungi Nabi Musa a.s. kang di oyak dening Firaun kang dzolim, sak hingga Nabi Musa a.s. sarta kaume lan para shohabate bisa ngeliwati tengah2xhe segara mau.
9. Ing dina iku Allah Ta'aalaa ngina Raja Firaun lan kabèh wadiya balane (la' natullahi 'alaihim) kelawan di keremake ana ing segara. Dadi sakwuse Kanjeng Nabi Musa a.s. lan kaume kabèh wus teka ing sabrangan daratan ing sisih liya, banjur banyu segara di tepungake dening Alloh Ta' aalaa, bali kaya asale, banjur Raja Firaun sak balane kabèh kerem lan mati. Banjur Nabi Musu a.s. puasa kerana muji syukur marang Alloh, tumuli di terusake dening Kanjeng Nabi Muhammad s.a.w. lan di sunnatake tumrap ummate.
Dados wonten sangang warni lan sagedipun kedadosan punika kelawan idzinipun Allah Ta ‘aa- laa. Mila mangga kita sedaya tumut muji syukur (matur nuwun) dhumateng nikmatipun Allah ingkang dipun paringaken dumateng para Nabi 'alaihimush sholatu wassalaam ing ngajeng punika, kelawan ngelampahi puasa sedinten ing dinten asyura punika.

Kangge nemtokaken penangalan Islam, tiyang Jawi ing jaman rumiyin sampun gadah pengalaman kathah. Tiyang Jawi jaman rumiyin ningali mbulan sesantun muput, supados saged nemtokaken tanggal limolas, dinten pangkreman lan dinten tanggal setunggalipun santun ingkang bade dhateng. Ing jaman sak menika alat2 modern kathah ingkang saged mbantu kanggĂŠ nemtokaken tanggal setunggal sasi2 Islam.

Ing ngandap dipun jelasaken bap wulan Jawi lan wulan Islam

Jawi naminipun wulan - Islam Jawi naminipun wulan

Sura - Muharram

Sapar - Safar

Mulud - Rabiul awal

Bakdamulud - Rabiul akhir

Jumadilawal - Jumadil awal

Jumadilakhir - Jumadil akhir

Rejeb - Rojab

Ruwah - Sya'ban

Poso - Romadhon

Sawal - Syawal

Selo - Dzulqoidah

Besar - Dzulhijjah

Dungo awaling tahun.




[ terug... ]Omhoog


Maak vrienden

Assalamu 'alaikum.

Donga syukur.*

  • Dhuh Pangeran kita! Mugi Paduka paring ilham (pitulung) dhumateng kita supados kita saged syukur dhumateng nikmat Paduka, ingkang sampun Paduka paringaken dhumateng kita tuwin dhumateng tiyang sepuh kita saha amrih kita saged nglampahi kasaenan ingkang Paduka renani, tuwin mugi Paduka nglebetaken kita kalayan Rohmat Paduka wonten ing golonganipun para kawula Paduka ingkang sami sholeh.

Copyright 2002-2020