» Romadhon.*

Wat is dit?

ROMADHON

Donga yčn weruh Hilal (Bulané tanggal sidji)

"Allôh Ingkang Maha Agung, Yaa Allôh mugi Hilal (bulan tanggal sidji) dipun limpahaken dumateng kita mawi mbeta keamanan, keimanan, keslametan lan Islam, sarta taufik kanggé ngelampahaken punapa ingkang Paduka remeni lan ingkang Paduka ridhoi. Pangeranku lan Pangeranmu (hé bulan wiwitan) iku Allôh."

Donga nyuwun ridha lan Suwarga.

Dhuh Allah Ta-`aa-laa setuhune kita nyuwun ridlanipun Paduka lan suarganipun lan kita wangsul dateng Paduka saking bendunipun Paduka lan saking latunipun neraka. Dhuh Allah Ta-`aa-laa setuhune Paduka Ingkang paring sakatah-katahipun pangapunten, Paduka remen maringi pangapunten, mila ngapunteni kita kanthi rohmatipun Paduka, dhuh Dzat kang langkung asih-asihipun Pangeran ingkang Maha Asih.

AYAT-AYAT INGKANG GEGAYUTAN KARO PUASA.
Baqoroh (2:183) He para wong Mukmin, sira padha diwajibake ‘Ibadah Shiyam, kaya kang wus diwajibake tumrap wong-wong biyen sadurungira, supaya sira tambah-tambah anggone taqwah.
Baqoroh (2:184) Yaiku ana ing pirang-pirang dina kang wus genah wilangane, dene golonganira kang lagi nandang lara utawa pinuju lelungan, kena wahe ora Puasa nanging banjur ngetunga (nyahuri) Puasa ana ing dina liya. Lan tumrap wong kang padha nguwat-nguwatake ngrekasa Puasane, kena ora Puasa nanging mbayara fidyah tebusan, yiku ngingoni wong miskin. Dene sapa kang gelem ngluwihi kabecikan, sanyata leluwehan mahu hiya becik tumrap deweke. Lan anggonmu padha Puasa iku luwih becik tumraping sira, manawa sira pancen padha mangerti.
Baqoroh (2:185) Dina-dina mahu yaiku sasi ramadlan kang kanggo nurunake Al-Quran iku dadi Pituduh ing para manungsa lan luwih cetha-cethaning Pituduh Allah lan dadi panyilahing perkara. Mula sira kabeh sapa wahe kang weru tanggale sasi Ramadlan, banjur Puasa. Wondene sapa kang lagi nandang lara utawa pinuju lelungan banjur ora Puasa, tumuli ngitunga Puasa ana ing dina liya. Karsaning Allah agawe mayar marang sira lan ora ngarsakake ngrekasa marang sira kabeh. Lan supaya sira padha nyampurnakake wilangane Puasa mahu lan padha ngegungna Allah dene anggone wus paring Pituduh ing sira kabeh lan supaya sira padha syukur.
Baqoroh (2:187) Ana ing wengining sasi syiyam sira padha dihalalake cumbana marang wadon-wadonira. Deweke iku minongko sandanganira. Lan sira minangka sandangan tumrap deweke. Allah wus Ngawuningani manawa sira padha cidra marang awakira dewe, mangka Allah karsa nampa tobatira lan Panjenengane paring Pangapura marang sira.
Mula saiki sira padha nyampurana wadon-wadonira lan padha ngupaya barang kang wus padha diwajibake dening Allah marang sira. Sira padha mangana lan ngombeha nganti cetha tumrap sira bolah kang putih saka bolah kang ireng, yaiku waktu fajar. Tumuli padha sampurnakna Puasa nganti wayah bengi. Nanging sira aja padha nyampuri wadon-wadonira nalika sira padha I’tikaf ana sajeroning masjid, mangka iku laranganing Allah, sira aja nganti nyeraki.
Mangkono mahu Allah paring katerangan ayat-ayate marang para manungsa, supaya deweke taqwah rumeksa saka tindak ala.
Baqoroh (2:196) Lan siro padha nyampurnakna ‘ibadah Hajji lan ‘Umrah karana Allah, ananging manawa ana alangan mungsuh, mangka cukup supaya nyembeleha qurban sabisane. Lan sira aja padha nyukur rambut sirah-sirahira, nganti qurbane tumeka ing panggonane mbeleh. Dene sing sapa saka sira ana kang pinuju nandang lara utawa sirahe ana lelarane, wajib tumrap wong mahu bayar fidyah, yaiku nindakake Puasa utawa aweh sedhekah utawa qurban. Dene manawa sira wus pulih tentrem-aman, mangka sapa wonge enak-enak kalawan ‘ibadah ‘Umrah sahingga waktu ‘ibadah hajji, wajib tumrap wong mahu mbayar fidyah arupa qurban kalawan sabisane. Mangka sing sapa ora qurban, wajib puasa telung dina ana ing sajeroning mangsa Hajji lan pitung dina manawa wus mulih, yaiku kanggo sampurane genep sepuluh dina. Kang mangkono mahu tumrap wong kang dudu pendhudhuk Masjidil Haram, lan sira padha wediya marang Allah, lan sira pada mangertiya manawa Allah iku abot banget panyiksane.
An Nisaa (4:92) Lan ora kena wong mukmin mrayaya wong mukmin liyane, kajaba kalawan ora disengaja. Sing sapa mateni wong mukmin kalawan ora disengaja, deweke wajib mardikakake kawula mukmin siji, lan kudu ambayar dhendhan kang dipasrahake marang ahli warise kang dipateni ora sengaja. Kajaba manawa ahli warise wus anglilakake. Ananging manawa kang mati iku wong mukmin, wajib tumrap wong kang mateni ora kalawan sengaja iku, mardikakake kawula mukmin siji. Lan manawa kang dipateni iku sawenehe wong kafir kang wus padha perjanjian kalawan sira, mangka wajib tumrap wong kang mateni ora kalawan disengaja iku, ambayar dhendhan kang dipasrahake marang ahli warise, sarta mardikakake kawula mukmin siji. Ananging mungguh ing sapa kang ora bisa oleh kawula mukmin siji, deweke wajib Puwasa rong sasi lawase tumruntun, minangka tobat ana ngarsaning Allah, jalaran Allah iku Maha Wikan sarta Maha Wicaksana.
Maidah (5:89) Allah ora matrapi ing sira kabeh tumrap anggonira sumpah kang ora terusing ati, ananging PanjenengaNe bakal matrapi ing sira jalaran sumpahira kang turusing ati. Dene minangka tebusane sumpah iku, yaiku aweh pangan marang wong miskin sepuluh, saka pangan kang wis patut kaya kang kanggo nafakahi kulawarganira, utawa sira aweh sandhang marang wong miskin sepuluh mau, utawa merdikakake batur-tukon. Dene manawa sira ora bisa ngleksanani kaya kang kasebut ing dhuwur iku, sira kudu Puasa lawase telung dina. Mangkana iku tebusane sumpah kang wus padha ucapake. Lan sira padha anjagaha ing sumpah-sumpahira, kaya mangkono iku Allah kapareng karsa anerangake ayat tandha yekti marang sira kabeh, supaya sira padha syukur.
Maidah (5:95) He para wong Mukmin! Sira aja padha ambebedhag sato kewan, ing mangka sira lagi pinuju Ikhrom, dene sing sapa mateni beburon kalawan anjarag mangka wong mau didhendha rajakaya kang memper karo beburon kang dipateni mau; kang amutus rajakaya kang kanggo ganti iku kudu wong loro saka sira kang adil, sateruse sesembelehan iku kuduh diheterake manyang Ka’bah minangka hadiyah, orane anyembeleh rajakaya kena diganti aweh pangan marang wong-wong miskin, utawa kena anglakoni puasa, perlune supaya wong mau padha angrasakake pituwase tindak kang wus dilakoni. Allah tumuli kapareng paring pangapura kaluputane kang wus dilakoni mau, ananging sing sapa ambaleni nindakake tamtu Allah anyiksa marang wong mau, Allah iku Maha Gagah Prakasa sarto kagungan siksa.
At Taubah (9:112) Wong-wang kang padha tobat, kang padha bekti marang Allah, kang memuji nalika kapriye wae kahanane, kang padha Pasa, kang padha Shalat, kang prentah marang kabecikan, lan nyegah laku ala, lan kang anjaga pernatan wates-wateseing Allah, wong-wong kang mangkono iku uga kang wus kajanji dening Allah bakal kaparingan Suwarga. Lan sira Muhammad ambebungaha marng wong-wong kang padha iman.
Maryam (19:26) Suwawi sami kadhahara woh kurma punika, tuwin ngunjuka toya, sarta prayagi manah ingkang gambiro ageng ing penggalih, lan ambirat ingkang damel susahing manah. Manawi pinanggih tiyang ingkang pitaken, supados kajawab: “Satemene aku wus nadzar marang Pangeran kang Maha Murah kalawan Pasa mbisu, wiwit dina iki aku ora bakal cecaturan karo manungsa sapa wae!”
Mudjaadalah (58:4) Sing sapa ora bisa oleh batur tukon, kudu pasa rong sasi terus-terusan, dilakoni sadurunge sakaloron padha kumpul. Manawa wong iku ora kuwat pasa, kudu aweh pangan marang wong miskin sawidak! Kang mangkono iku supaya sira banjur padha iman marang Allah lan UtusaNe. Lah mangkono iku wates-watese hukum Allah. Wong kang padha kafir bakal kapatrapan siksa kang nglarani.

[ terug... ]Omhoog


Maak vrienden

Assalamu 'alaikum.

Donga syukur.*

  • Dhuh Pangeran kita! Mugi Paduka paring ilham (pitulung) dhumateng kita supados kita saged syukur dhumateng nikmat Paduka, ingkang sampun Paduka paringaken dhumateng kita tuwin dhumateng tiyang sepuh kita saha amrih kita saged nglampahi kasaenan ingkang Paduka renani, tuwin mugi Paduka nglebetaken kita kalayan Rohmat Paduka wonten ing golonganipun para kawula Paduka ingkang sami sholeh.

Copyright 2002-2020